Blog Pesantren Budaya Nusantara adalah sebuah inovasi pendidikan non formal berbasis Budaya Islam Nusantara di dunia maya yang memiliki tujuan memelihara, melestarikan, mengembangkan secara inovatif warisan budaya Nusantara yang adiluhung di tengah arus gelombang globalisasi yang akan menghapus identitas etnis, budaya, bahasa, agama, negara

SERAT NITISRUTI III

S I N O M

Рµρứђ ☻ 01
 Tyas kumlungkung kumawagya, luwih maning lamun uwis, munggwing luhuring turangga, ngembat watang numbak siti, katon esthanya kadi, kurang mungsuhing ngapupuh, anyanderaken kuda, mamprung alok cerik-cerik, kang mangkana mung samono notoging prana.

Рµρứђ ☻ 02
Dhapur amerang lengenan, para tandang nyanyampahi, tandha candhula-candhala, kumawana angarani, sabar mring liyan janmi tan wruh lamun dhewekipun, katon ing jerihira, kang mangkana iku tingkah tan prayoga.

Рµρứђ ☻ 03

Yoga kaki singkirana, tingkah kang saru kaeksi, nulada para sujana, myang sarjana kang nimpuni, ngambar gandane wangi, apan ta uwus kasebut, ana ing layang wacan, caritane kyana patih, ri sang Koja jajahan lan Sri Narendra.

Рµρứђ ☻ 04
Nata ing Mesir nagara, tataning pra sujana di, kang binabar dadi wulang, karya sudarsana sidi, maring wong sanagari, menggah kajatmikanipun, muwah antenging netya, manising wacana luwih, mrih ywa nganti ingaranan wicaksana.

Рµρứђ ☻ 05
Dene cacading panindak, anandukken pamatawis, iku yen mawa pangangkah, angong kang marang tan yukti, saking tan den wekani, bubukaning kang pakantuk, wit saking wuwusira, kongas-kengis sarwa wasis, para tama kalimput landheping sabda.

Рµρứђ ☻ 06
Ing satemah ngayawara, warahe tan migunani, wit saking kurang wiweka, amengku mring liyan janmi, saking kurang pamikir, kang ora-ora ginayuh, yektining pamatara, tinilar malah den dohi, kang mangkana wit kalimput ngaku limput.

Рµρứђ ☻ 07
Ing satemah kapitunan, tiwas muwus angacuwis, wuwuse tanpa wusana, sirna katubing maruti, ingkang mangkana kaki, ing nguni pan wus kasebut, wasita kuna-kuna, pangucap kang tancep becik, lawan maning pakarti ingkang utama.

Рµρứђ ☻ 08
Iku dadi tatkrama, tumerah wong sanagari, wus ana wawarahipun, ginelar telung prakawis, tunggal ambeg utami, lawan solah bawa kulup, tanapi pamariksa, mangkene nyatane kaki, iya iku nistha madya lan utama.

Рµρứђ ☻ 09
Lawan maning jarwaning, warah kang telung prakawis, ing nguni wus wanasita, mangkene ingkang kariyin, kramaning sujana di, nenggih kaping kalihipun, caraning pra sudagar, patraping durjana katri, yeka aran ambeg nistha madyatama.

Рµρứђ ☻ 10
Ning nadyan patrap durjana, ya nistha madya utami, wit saking awarna-warna, ambegal nyebrot tanapi, ana maling pawestri, maling rajabrana dalu, patrape neka-neka, ana kang mawa piranti, ana ingkang anggunting madung wiwira.

Рµρứђ ☻ 11
Ana kang mateni janma, dene durjana utami, kang wani ngendheng katingal, marmanta winastan silip, wit dennya laku juti, abangkit kalangkung-langkung, ngungkuli janma kathah, bangkit namar angemori, tingkahira kadi janma ulah budya.
Рµρứђ ☻ 12
Lan asring ngluluh sasrira, amelang sedyaning kapti, pininta kalonira, wit nadyan wong laku juti, uga bisa ngarani, mungguh sapurnaning laku, amung mateni raga, de madyanira laku jati, amung meneng lan mrih kalimpe kewala.

Рµρứђ ☻ 13
Ana kang mawa pirantya, bandrek pintu jugil gunting, dene ta maling kana nistha, anguthuh tan wirang isin, angrebut nyeler ngutil, nadyan konangan pinenthung, wus tan nganggo rinasa, labete wong tuna budi, amburu wah nuruti murkaning manah.

Рµρứђ ☻ 14
Yaiku nisthaning nistha, ngangsa ngangah-angah kadi, rayap kumriyeg managsa, sari ratri tanpa ririp, telas tilasing janmi, jasate lir jis-jis wutuh, de caraning sudagar, ingkang santoso ing budi, amung mungkul wekel dennya anggaota.

Рµρứђ ☻ 15
Murih katekaning karsa, ananging inggih manawi, genya ngimpun rajabrana, milulu melik bathi, linabuhan ambalithuk, sayekti menggal rusak, tan lulus temah sirnaning, kang saweneh nenggih patraping nangkoda.

Рµρứђ ☻ 16
Ana ingkang nora sotah, wanuh lan wong kawlas-asih, tan arsa wawawicara, lawan wong kang nistha-nisthip, kapethuka sumingkir, bok nulari apesipun, yena ana pekir priman, sinikara dennya ngemis, dya ginusah ingesotken sona rodra.

Рµρứђ ☻ 17
Supadya enggal lunggaa, away kongsi nanketi, muwah ywa tunggal satanah, asatemah nguciwani, yeku wong kang wus lali, pangling nalarira liwung, kalingling melikan, tan eling purwaning urip, wit kayungyun milulu ing kabungahan.

Рµρứђ ☻ 18
Tan ana kang kasatmata, kajaba mung emas picis, lali mring Pangeranira, janma kang mangkana yekti, cilaka dunya ngakir, yen rusak tan antuk tulung, wit duk katunggon dunya, karem nyikara sung runtik. Mring Hyang Suksma lali tanpa pangastawa.

Рµρứђ ☻ 19
Dene kramanira pandhita, akeh kang nundhingan dhiri, lire ngengungken sarira, ana kang kulineng sepi, neng wana-wana wukir, wenenh ana jro prajagung, tinawing warna-warna, busana rajabrana di, myang rinengga anggarwa wanodya endah.

Рµρứђ ☻ 20
Supadya rinesepana, maring sagung kang ninggali, muwah siniha ing kathah, lan bungah yen den wastani, anekaken kapti, dene ta ing karsaninpun, pandhita kang mangkana, pama puspa den simpeni, nanging meksa kongas arum marbuk ngambar.

Рµρứђ ☻ 21
Tan wun akeh kang ngupaya, kapingin ing ganda wangi, nanging ta ingkang mangkana, yekti arang kang udani, saking nora kaeksi, beda kang nglela kadulu, katon tapa bratnya, myang sumingkir ing karamen kakareman.

Рµρứђ ☻ 22
Awit laku kang mangkana, ngluwihi kang aprang sabil, sabalane kang angrusak, angrusuhi ing agami, mangkana kang utami, sayogya ingkang misuwur, sumawur wartanira, suka nawurken wawangi, prapteng wuri martani suta sewaya.

Рµρứђ ☻ 23
Samya sumanggem agama, ageming Nabi sinelir, Muhammadinil Mustapa, aterus ing lair batin, wit yen tan trusing tumimbul, krana sampurnanira, pangastuti ing Hyang Widhi, nora kena rinerangan rewa-rewa.





Рµρứђ ☻ 24


Marmata para pandhita, kang manembah neng ngasepi, myang mahas sajroning guwa, amepet angkareng kapti, tahen tan dhahar guling, amerangi hawa nepsu, nyirep sagung wiyasa, myang birat sakeh sihing sakserik, nanging lamun kalimput sihing atapa.

Рµρứђ ☻ 25
Lire bungah ingalema, betah luwe matiragi, iku tan antuk suwarga, malah naraka pinaggih, pujinira sirna nis, brastha tiwas ambaluwus, wekasan tanpa tuwas, sedyanira dadi, ing satemah manggung anggaresah.

Рµρứђ ☻ 26
Tan katrima ing Hyang Suksma, upama wayang neng kelir, kapeksa muwus priyangga, dhalange tan nguningani, marma lampahing resi, kang neng praja myang ing gunung, nora kena pinadha, kudu turut ataretip, tinataa pakantuking jro wardaya.

Рµρứђ ☻ 27
Lamun pandhita ing praja, jejere ingkang piniji, ameleng ing kajatmikan, atanapi tata krami, nadyan lumakweng margi, jatmikaning tyas tan kantun, tuhuning tata krama, winantu ing ulat manis, animakken sakserik trusing wardaya.

Рµρứђ ☻ 28
Yen maksih esak ing driya, dadi asoring maharsi, yekti katinggal ing netya, amasmu kucem tan manis, dening angemu runtik, maksih ngumbar hawa nepsu, dene agenging cacad, medaning para maharsi, lamun maksih karem kerem rajabrana.

Рµρứђ ☻ 29
Wit iku amarakena, sareng lan sarehing kapti, tanapi suka sungkawa, kusut sekunging astuti, lamun ana kang prapti, samya lumuntur sihipun, netya sumeh sumringah, yaiku medaning kapti, temah datan bangkit mekak nepsu hawa.

Рµρứђ ☻ 30
Saking maksih sugih tresna, remen mring kang sarwa asri, ing wekasan tantan tuman, nuruti medaning bumi, lir trape wong neng nagri, ngawula suwiteng Ratu, sayekti wawalesan, animbangu sihing Gusti, lawan kedah ngati-ati, ing pratingkah.

Рµρứђ ☻ 31
Kudu setya tyas waspada, amawas karsaning Gusti, myang mamet sihing sasama, muwah sarowanging ngabdi, dadi bangkit mumpuni, ing sanalika tan ewuh, netepi Waradarma, solah muna lawan muni, iku dadi panengeran ayu ala.

Рµρứђ ☻ 32
 
Muwah tanggaping sasmita, prayananing Narpati, lir warahe sang Apatya, Koja jajahan ing Mesir, asung wulang weweling, palane ngawula ratu, dhingin angilangena, pangira kiraning kapti, akarana nalika jaman sama.

Рµρứђ ☻ 33
Patrape wong angawula, ingkang winastan prayogi, rarasing tyas mung sumarah, nurut sakarsaning Gusti, dipun kadi angganing, angilo paesan agung, solahing wawayangan, kang aneng sajroning carmin, nora siwah lawan kang ngilo ing kaca.

Рµρứђ ☻ 34
Myang away tresna ing garwa, tanapi sewaha siwi, sanak kadang kulawarga, de yen tan mangkana yekti, tipis dennya dadasih, tuwas tiwas kasang-kusung, wekasan kasangsaya, temah mung ngaswrat-awrati, tan katrima wurung dennya danasmara.




By Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
You have read this article Sastra with the title SERAT NITISRUTI III. You can bookmark this page URL https://pesantren-budaya-nusantara.blogspot.com/2012/12/serat-nitisruti-iii.html. Thanks!

No comment for "SERAT NITISRUTI III"

Post a Comment